Titikane cangkriman yaiku
B. Daerah
fitrahjenderal
Pertanyaan
Titikane cangkriman yaiku
1 Jawaban
-
1. Jawaban aku8159
Titikane cangkriman yaiku:
- Awujud bedhekan.
- Nganggo basa kiasan.
- Ora nganggo purwakanthi swara (Bebas).
Pembahasan
Cangkriman iku jenise unen-unen kang kudu dibedhek utawa dibathang maksudte. Funsine cangkriman iku kanggi bedhekan utawa hiburan. Cangkriman iku jenise ana papat.
Jenise cangkriman:
>> Cangkriman wancahan
Tuladhane:
- Pindhang kutut = Sapine mbandang lukune katut.
- Kicak ketan = Kaki macak iket-iketan.
- Buta buri = Tebu ditata mlebu lori.
>> Cangkriman pepindhan
Tuladhane:
- Gajah nguntal sangkrah, batangane pawonan.
- Pitik walik saba kebun, batangane nanas.
- Duwe rambut ira duwe endas, batangane jagung.
>> Cangkriman blendheran
Tuladhane:
- Wong mati ditunggoni mesam mesem, maksudte sing mesam mesem wong kang nunggoni dudu wong mati.
- Ana tulisan arab macane saka ngendi ?, Jawabane: Saka alas, sing dimaksud macane dudu maca nanging macan (Kewan)
>> Cangkriman tembang
Tuladhane:
- Bapak pucung endi elor endi kidul. Laku tanpa brata. Mung kepingin bisa malih. Dadi kupu si pucung wedaring tapa. Batangane uler, maksud e uler ing jero kepompong, bar iku uler iso dadi kupu.
Cangkriman dalam bahasa Indonesia bisa disebut sebagai teka teki, yang biasanya digunakan untuk tebak-tebakan yang sifatnya bercanda.
Pelajari lebih lanjut >>
- Materi cangkriman => https://brainly.co.id/tugas/37706478
- Materi unen-unen paribasan => https://brainly.co.id/tugas/3691620
- Materi cangkriman => https://brainly.co.id/tugas/37373629
========================================================
Detail Jawaban:
Kelas: VI
Mapel: Bahasa Daerah - Bahasa Jawa
Bab: Cangkriman
Kode soal: 13
[tex] \: [/tex]
#TingkatkanPrestasimu